Petuah Jawa


        Para sederek kula sedaya ageng alit enom lan tua mumpung sik urip ing alam donya, limang wektu dang lakonono

        Ono donya iku ora suwe, ibarate mampir ngobe, mula sing sregep ibadahe kanggo sangu ing akhirat

        Besuk bakale ana timbalan, timbalane ora kena wakilan,timbalane kang Maha Kuasa gelem ora gelem kudu teka

        Ono donya aja anggak-anggak mesthi sira bakal numpak pundhak, mlebu kubur ulesmu di buka, di tinggal ngungkur di idak-idak

        Ono donya aja suk takabur najan sira wis iso mabur, mesthi sira kegrujuk banyu siwur, mlebu kubur awakmu ajur

        Ono donya aja mondhar-manhir tansah nurut karepe pikir, apa sira ora kuwatir yen bakal madhep Mungkar lan Nakir

        Yen wus ganti pakaian putih, kena budhal ora kena mulih, tumpakane kereta jawa , rodane papat rupa manungsa

        Jujukane omah kaya guwa, tanpa banthal tanpa klasa, gletak ijen ra ono kancane, peteng dhedhet ra ono lampune

        Dhen tutupi anjang-anjang , dhen uruki di siram kembang, konco koncomu padha nyawang, padha nangis kaya wong nembang

0 komentar:

Posting Komentar